Kamis, 14 Desember 2017

Pakaian Adat Jawa

Ageman Adat Jawa Tengah

            Ageman adat inggih menika ageman ingkang dados ciri khas lan identitas tartemtu saking daerah kasebat. Ciri kasebat saged disejenaken saking warnanipun, motif, lan bahan ageman kasebat. Ageman adat ing Indonesia katah sanget, salah satunggalipun inggih menika ageman adat Jawa Tengah kangge tiyang kakung.

          Ageman ingkang diagem dening tiyang kakung inggih menika beskap. Beskap yaiku ageman ingkang warnanipun ireng, wonten motif kembang-kembange, lan ing sisih kiwa tengen nggadaih kancing. Beskap nggadaih filosofi menawa wong kuwe yen lagi nyambut damel kedah teliti lan ngati-ati. Ing sirah, tiyang kakung migunakake blangkon utawi kasebat destar. Blangkon nggadaih filosofi wong kuwe kedah teguh atine.


Ngisoran ageman migunakake kain jarik lempitan ingkang nggadaih filosofi yen sawijining tiyang kakung jawi menika ampun nglakokake hal ingkang keliru lan salah. Stagen yaiku kain kangge njiret jarik, filosofine manungsa kedah siap kangge tekun, lan saged menuhi kabutuhan urip. Cemila dana yaiku sandal ingkang diagem tiyang kakung, filosofine ing ndalem nyembah Gusti Allah kedah saking lair batin, lan dados manungsa kedah pasrah dening kakuasaane Gusti Allah. Ndamel keris ingkang disemataken teng mburi stagen, filosofine wong kedah saged nolak kabeh godaan setan, saged nggambarake sifat wani lan gagah perkasa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar